Sambel Uleg
Gawe sambel kuwi ana akeh carane. Salah sijine yaiku sambel uleg. Nguleg sambel yaiku proses nggiling utawa nyampur bumbu sambel nganggo cobek lan ulekan. Carane, disiapake bahan kayata cabai, bawang putih, bawang merah, tomat, garam, gula, lan terasi yen perlu. Banjur, bahan-bahan kasebut diuleg nganggo ulekan nganti lembut lan rata. Tekanan lan gerakan muter penting supaya sambel ora mblasuk lan bumbune nyampur sempurna. Yen wis diuleg, bisa ditambah jeruk nipis utawa minyak panas supaya luwih sedhep. Sambel siap disajikake karo panganan kaya gorengan, lalapan, utawa sega hangat. Nguleg sambel manual nggawe rasa luwih khas tinimbang blender.
Bar nguleg sambel ojo lali golek lalapan yaiku sayuran mentah utawa rebus sing biasane dikancani sambel. Macem-macem lalapan sing umum ditemokake ing panganan Jawa lan Sunda antarane:
- Mentimun – seger lan renyah, cocok kanggo nyuda pedese sambel.
- Kemangi – duweni aroma khas lan nambah rasa seger.
- Kol – bisa mentah utawa direbus supaya luwih empuk.
- Selada – lembut lan gampang dipangan karo sambel.
- Terong bulat – biasane mentah, ngempet rasa sambel luwih apik.
- Pete – duweni rasa lan aroma khas, disenengi sebagian wong.
- Kacang panjang – bisa dipangan mentah utawa setengah mateng.
Opo meneh liyane lalapan cobo sebutne ing ngisor komen yo gaes..