Kabeh Mundhak

in #duit9 days ago

Jaman saiki duit sangsoyo ora ono ajine. Inflasi munggah terus, rega barang munggah, tapi penghasilan ora mesthi melu nambah. Akhire, duit rasane cepet entek lan ora semoncer jaman biyen. Trs ngono kuwi salahe sopo? Sebenere, ora mung salah siji pihak, tapi kombinasi saka akeh faktor. Inflasi, kebijakan ekonomi, utang negara, lan spekulasi pasar kabeh nduweni peran. Pemerintah duwe tanggung jawab ngatur ekonomi supaya stabil, tapi faktor global kaya pandemi, perang, lan krisis energi uga nduwe dampak gedhe.

Nek delok saka sudut pandang masyarakat, pola konsumsi lan cara ngatur duit uga pengaruh. Yen barang kebutuhan terus mundhak, tapi daya beli masyarakat tetep utawa malah mudhun, ya rasane duit dadi ora ana ajine.